Selasa, 22 September 2015

KHUTBAH IDUL ADHA 5 JAWA

KHUTBAH IDUL ADHA BASA JAWA 1433 H : Patuladan Lan Pangorbanan Saking kisah Nabi Ibrahim & Nabi Ismail ‘Alaihissalam

 on Senin, 14 Oktober 2013  
Patuladan Lan Pangorbanan
Saking kisah Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ‘Alaihissalam


 
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ ...

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Para sederek Kaum Muslimin  Muslimat, Rahimakumullah
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten riyaya Iedul Adha, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa.
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Kados dawuhipun Allah :
إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).
Para sederek Kaum Muslimin  Muslimat, Rahimakumullah
Wonten ing dinten punika tanggal 10 Dzulhijjah, sedaya jamaah haji  sami kempal ing bumi Mina, kempal jutaan kaum muslimin muslimat, jaler estri, enem sepuh,  ageng alit, saking pundi-pundi nagari, wonten ingkang mlampah suku, wonten ingkang nitih kendaraan, wonten ingkang nyabrang seganten lan wonten ingkang miber ngambah nggegana, wonten ingkang bidal sak keluarganipun lan wonten ingkang badan sepata, lan nilaraken keluarganipun, sarana rekaos lan awrat saget dumugi ing tanah suci Makkah, wusananipun sedaya makempal manunggal dados setunggal ing bumi suci Makkah, tanpa mbentenaken ras lan warnining pakulitan, suku bangsa tuwin basa, pejabat utawi rakyat. Sedayanipun  sami drajadipun wonten ngarsanipun Allah, minangka kawula, sedaya kedah angrasuk busana sarwa seta. Kalimat talbiyah “Labaikallohumma labaik” menggema ing bumi tanah suci tumrap tiang haji. Sedaya sami siaga nuhoni timbalan dalem Allah Ta’ala. Punika sedaya mertandani, bilih sedaya manungsa anggadahi hak ingkang sami, sedaya minangka kawula, pundi ingkang langkung taqwa punika ingkang langkung mulya menggahipun Allah Ta’ala. 
اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ،  اَللهُ أَكْبَرْ، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ
Mekaten ugi kita sedaya ing enjang punika, sami bidalan nilaraken dalem papan dunung kita, sami kempal ing papan punika, semanten katahipun, kanti mboten sarana dipun kerahaken, mboten dipun ongkosi, lan mboten wonten seja kerana pados kauntungan dunya. Namung semata-mata nuhoni timbalan saha murih ridlanipun Allah Ta’ala. Minangka nglahiraken tanda syukur kita, atas nikmat kanugerahan saha rahmat peparingipun Allah dateng kita sedaya. Jalaran Allah sampun paring dawuh dateng kita :
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَر*  فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ *
إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الأَبْتَرُ *
 “Temen sejatine Ingsun Allah wis paring marang sira, nikmat kebecikan kang akeh, mula sira nindakna shalat kerana Pangeranira, lan sira nyembeliha qurban, saktemene wong kang gething ing sira iku wong kang cures”.
(Al Kautsar 1-3)
Nikmat kanugerahannipun Allah dateng kita punika mila katah sanget, tentu kita mboten bade sanggup ngetang nikmat peparing wau, mila sampun sak mestinipun kita Syukur dumateng Allah kanti nindakaken dawuh lan perintahipun, kados nindakaken shalat lan ngleksanaaken ibadah korban, kados ingkang kacon-tokaken dening Bapa kita Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam.
Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat ing Al-Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados dasar syari’at ibadah korban, saha tulada tumrap kita sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dawuh kasebat katampi kanti sabar  lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlan saking ngarsa dalem Allah.
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Mangga sak wetawis kita gatosaken menggah ingkang putra, pun Nabi Ismail Alaihis salam, Panjenenganipun ngrupekaken patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putra ingkang sholih lan bektos dateng tiyang sepuh. Kanti sabar lan ridla nampi qadla ipun Allah, sahingga ikhlas lila legawa berqurban nyembadani dawuhipun ingkang rama, sinaosa kedah nyawa ingkang namung setunggal setunggalipun ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpa suwala, kanti tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang rama:
 قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللهُ مِنْ الصَّابِرِينَ
 “Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken menapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar”
 (Ash Shaffat 102)
Inggih wujudipun putra ingkang setya tuhu mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas lan ridla labuh labet dateng agami, nadyan kedah ngorbanaken jiwa. Ngaten punika, ingkang kawastanan putra ingkang sholih, ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepuh. Putra ingkang mekaten kedah kadamel tulada tumrap para putra remaja lan pemuda, minangka putra lan generasi ingkang sholih lan sholihat. Lajeng wonten pitakenan tumrap kito sedoyo inggih puniko
Punopo ketulusan lan ketaatanipun Nabi Ismail Alaihissalam netepi perintah Agami lan tiyang sepuh sampun kapraktekkaken tumrap para pemuda ing zaman puniko?? Inggih Alloh lan diri pribadi kito ingkang langkung mangertosi.
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Mbok bilih inggih namung  kanti pangorbanan ingkang ageng, kabahagyianing gesang punika bade saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan ingkang mengku hikmah:
لَنْ تنُاَلَ الْعِزَّةُ إِلاَّ بِمُرُوْرِ الْبَلِيَّةِ
ora baka  kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati sengsaraning pangurbanan”
Ananging pangorbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan i’tikad ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpa kadasaraken dateng keimanan tentu namung bade siya-siya  muspra tanpa tanja. Allah sampun paring dawuh :
وَمَا أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ بِالَّتِي تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفَى إِلاَّ مَنْ آمَنَ وَعَمِلَ صَالِحاً فَأُوْلَئِكَ لَهُمْ جَزَاءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوا وَهُمْ فِي الْغُرُفَاتِ آمِنُونَ
“Dudu banda banda lan anak anak ira kabeh kang bisa nyaketake sira marang Ingsun senajan sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih,  iya  wong wong kang kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwale skang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu, lan wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang luhur” (As Saba’ 37).
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,
Wusananipun kanti riyaya ing dinten punika, mangga kita sageta mendet i’tibar lan tulada saking keluarga Nabi Ibrahim Alaihis salam.
Panjenenganipun Bapa Ibrahim minangka jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksana lan wibawa, ugi ta’at lan patuh, kanti ikhlas lan ridla mundi dawuhipun Allah, sinaosa kedah ngorbanaken putra. Nabi Ibrahim setya dateng garwa, lan tresna dateng putra, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobenipun Allah.
Ismail minangka putra ingkang sholih, tha’at ngestokaken dawuhipun Allah  Pangeranipun, bektos lan mbangun miturut dateng tiyang sepuh.
Lajeng wonten pitakenan punopo rahasia kesuksesan Nabi Ibrahim As ingkang saget ndidik Putranipun Ismail AS ingkang setio tuhu, menawi kito maos Al-Qur’an kito bade manggihi kunci suksesipun:
1.      Do’a ingkng tansah dipun panjataken Nabi Ibrahim
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ (الصافات 100)
Ya Alloh karuniaken dumateng kulo keturunan ingkang shalih
 
Doa kolo wau dipun panjataken Nabi Ibrahim tebeh sak derengipun nikah,beliau nyuwun dumateng Allah Anak ingkang shalih, mboten nyuwun anak ingkang sugih, berjabat, cendikiawan ananging nyuwun anak ingkang shalih. Sahingga dumateng para para sederek kita ingkang cerak dating usia pernikahan monggo nyuwun dumateng Alloh kados doa nipun nabi Ibrahim kolo wau, lajeng dumateng pasangan suami istri ingkang istrinipun nembe hamil katah-katahaken nyuwun dateng Allah anak ingkang Shalih, ingkang do’a anak shalih puniko gadahi manfaat engkang ageng kagem tiang sepuhipun benjang ing alam kubur. Sahinggo mugi keparingn putra ingkang kados Nabi Ismail As.
Rasulullah bersabda :
 بِرُّوْا آبَاءَكُمْ تَبِرُّكُمْ أبْنَاؤُكُمْ (الطبرانى عن ابن عمر)
Berbaktilah kepada orang tuamu niscaya anakmu akan berbakti kepadamu
2.      Kepedulian Nabi Ibrahim as dateng  pendidikan anak-anakipun
Dalam al-Quran diceritakan:
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ (إبراهيم 35)
Dan (ingatlah), ketika Ibrahim berkata: "Ya Tuhanku, jadikanlah negeri ini (Mekah), negeri yang aman, dan jauhkanlah aku beserta anak cucuku daripada menyembah berhala-berhala.
وَوَصَّى بِهَا إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَا بَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَى لَكُمُ الدِّينَ فَلاَ تَمُوتُنَّ إَلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ (البقرة 132)
Dan Ibrahim telah mewasiatkan ucapan itu kepada anak-anaknya, demikian pula Ya`qub. (Ibrahim berkata): "Hai anak-anakku! Sesungguhnya Allah telah memilih agama ini bagimu, maka janganlah kamu mati kecuali dalam memeluk agama Islam".
أَمْ كُنتُمْ شُهَدَاء إِذْ حَضَرَ يَعْقُوبَ الْمَوْتُ إِذْ قَالَ لِبَنِيهِ مَا تَعْبُدُونَ مِن بَعْدِي قَالُواْ نَعْبُدُ إِلَهَكَ وَإِلَهَ آبَائِكَ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَقَ إِلَهًا وَاحِدًا وَنَحْنُ لَهُ مُسْلِمُونَ (البقرة 133)
Adakah kamu hadir ketika Ya`qub kedatangan (tanda-tanda) maut, ketika ia berkata kepada anak-anaknya: "Apa yang kamu sembah sepeninggalku?" Mereka menjawab: "Kami akan menyembah Tuhanmu dan Tuhan nenek moyangmu, Ibrahim, Ismail dan Ishaq, (yaitu) Tuhan Yang Maha Esa dan kami hanya tunduk patuh kepada-Nya."
Ayat-ayat kolo wau paring bukti bilih perhatianipun Nabi Ibrahim As dumateng pendidikan anak-anakipun, beliau mboten lilo menawi putranipun bodo utawi wonten jalur pendidikan ingkang klintu. Ampun ngantos jalaran ekonomi utawi alas an pekerjaan kita mengabaikan pendidikan Anak. Punopo ken putro wayah sampun ngamalaken ajaran Agami? Punopo sampun tiang sepuh paring tulodo ingkang sae tumrap putra putrinipun? Menawi dereng bersiaplah nampi pacoben Allah kanti dalan Putra purinipun.
Kedah dipun mangertosi bilih pendidikan ingkang sepindah lan utami inggih puniko pendidikan Agami, lajeng pendidikan pendukungipun inggih puniko pendidikan umum.
3. Kepedulian Ibrahim dumateng kesejahteraan anak lan keluarga
Nabi Ibrahim as puniko sosok seorang bapak ingkang sae, lan suami bertanggung jawab. Demi membahagiakan keluarganipun, Nabi Ibrahim as rela merantau ribuan kilometer dari Palestina ke Mesir, lan meniko dipun tindakkaken berkali-kali sanaoso kondisi alam ingkang tandus lan panas. Kados diungkapaken wonten doa Nabi Ibrahim as: 
رَّبَّنَا إِنِّي أَسْكَنتُ مِن ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيْرِ ذِي زَرْعٍ عِندَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِ رَبَّنَا لِيُقِيمُواْ الصَّلاَةَ فَاجْعَلْ أَفْئِدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِي إِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُم مِّنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُونَ (إبراهيم 37)
Ya Tuhan kami, sesungguhnya aku telah menempatkan sebahagian keturunanku di lembah yang tidak mempunyai tanam-tanaman di dekat rumah Engkau (Baitullah) yang dihormati, ya Tuhan kami (yang demikian itu) agar mereka mendirikan shalat, maka jadikanlah hati sebagian manusia cenderung kepada mereka dan beri rezkilah mereka dari buah-buahan, mudah-mudahan mereka bersyukur.
Rasulullah menyatakan bilih tiang ingkang kerja keras kagem ngais rezkiningkang halal kagem kluarga, dipun nilai Allah dados shadaqah ingkang inggil bahwa seseorang yang bekerja keras guna mencari rizki yang halal untuk keluarga, dinilai oleh Allah sebagai sadaqah yang tertinggi. Dalam hadis beliau bersabda:
وَدِينَارٌ أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ ، أعْظَمُهَا أجْراً الَّذِي أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ . رواه مسلم .995
Satu dinar dari harta yang engkau nafkahkan untuk keluargamu merupakan pahala yang paling besar di sisi Allah
Kito sedoyo selaku kaum muslimin ampun ngantos putus asa, sebalikipun kito kedah bangkit singsingkan lengan kagem natap hari esok kanti penuh optimisme lan harapan langkung sae. Ampun kito supe dateng firman Allah:
فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (5) إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (6) فَإِذَا فَرَغْتَ فَانصَبْ (7) وَإِلَى رَبِّكَ فَارْغَبْ (8)
(5) Karena sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (6). sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (7) Maka apabila kamu telah selesai (dari sesuatu urusan), kerjakanlah dengan sungguh-sungguh.
Kaum muslimin ingkang minulyo
 Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra saget ngalap piwucal lan tulada dateng keluarga Nabi Ibrahim punika, Insya Allah kita sedaya ugi bade kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih kabegjan   dunya ngantos akhirat. Amin. 
 
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌاَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ
 يَامُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ اللَّهُمَّ يَامُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
di sampaikan oleh
Sdr. Julianto
di tanah lapang Rejosari, semin Gunung Kidul
26 oktober 2012

KHUTBA IDUL ADHA 4 JAWA


Khutbah Idhul Adha 1 Basa Jowo

Judul : Nasehat Dateng Kaum Muslimin
Bab : Kumpulan Khutbah Idhul Adha 1
Dipublikasikan : 25 Oktober 2012



إن الْحَمْد لِلَّه تَعَالَى نَحْمَدُه وَنَسْتَعِيْن بِه وَنَسْتَغْفِرُه وَنَعُوْذ بِاللَّه تَعَالَى مِن شُرُوْر أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَات أَعْمَالِنَا مَن يَهْدِى الْلَّهُ فَلَا مُضِلَ لَه وَمَن يُضْلِل فَلَا هَادِى لَه وَأَشْهَد أَن لَا إِلَه إِلَّا الْلَّه وَحْدَه لَا شَرِيْك لَه وَأَشْهَد أَن مُحَمَّداً عَبْدُه وَرَسُوْلُه
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ ) آل عمران(
﴿ يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً … ( النساء)
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا (70) يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا )71 ( ) سورة الأحزاب(
أما بعد:
فإن أصدق الحديث كتاب الله وخير الهدي هدي محمد صلى الله عليه وسلم وشر الأمور محدثاتها وكل محدثة بدعة وكل بدعة ضلالة وكل ضلالة في النار.
sidang jamaah shalat ‘idhul adha ingkang mugi-mugi tansah dipun ramhati dening Allah subhanahu wata’ala,
Perkawes ingkang agung sanget ndadosaken kito slamet saking pasiksanipun Allah subhanahu wata’ala wonten neroko inggih puniko perkawis tauhid, keimanan ingkang leres jumbuh kalian maknanipun. Kalimat thayibah “lailaha illallah”, nitepaken bilih mboten wonten sesembahan ingkang leres dipun ibadahai kejawi namung Allah subhanahu wata’ala,
kados dene nyuwun pangayoman, nyuwun keslametan dumateng dayang, jin lan pangenan-panggenan ingkang dipun kramataken, utawi nyuwun keslametan dumateng arwahipun leluhur, utawi nadzar kangge saklintunipun Allah subhanahu wata’ala. Wonten maleh kesyirikan arupi nggumantungaken  nasib dhumateng ramalan paranormal, andugeni poro dukun supadhos dipun ramal nasibipun, nyuwun cekap rejekinipun, enteng usaha bisnisipun, padhos pasugihan kanthi ngleksanaaken ritual ghoib lan sesaji wonten panggenan ingkang dipun yakini nggadahi berkah, kadhos tiang ingkang sami remen ziarah kuburan wali lan kuburanipun tiang-tiang sholeh kanthi nggadahi keyainan supadhos gesangipun pikantuk kaberkahan.
Kaum muslimin rohimani – rohimakumullah
            Ing riyadin ‘idhul adha puniko monggo kito ndadosaken pelajaran, kita saged nuladhani dhumateng pribadipun Rosul Ibrahim ‘alahis salam lan putronipun Nabi Isma’il ‘alahi wasalam, pawongan ingkang temen jejeg anggenipun ninda,aken tauhid, ngawisi kesyirikan, trisno dumateng ketaatan nggeting dhumateng  tumindak kekufuran. Nabiyullah Ibrhahim ‘alahis salam saestu nggadhahi kesabaran ingkang kuat anggenipun nampi ujian saking Allah ta’ala, sahinggo panjenenganipun dadhos penegak tauhid murni manembah dhumateng Allah ‘azza wajalla.
Sederek kaum muslimin rohimakumullah
            Nabiyullah Ibrahim ‘alahis salam dadhos tepo tulodho, minongko satunggaling bapak ingkang kasil ndidik putranipun ugi garwanipun kanthi tarbiyah islam ingkang ngasilaken pribadi-pribadi ingkang tuhu taat dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Puniko kedhah kito contho, kito kedah paring kawigatosan dhumateng keluwargo kito supadhos dadhos keluwargo ingkang nggadahi tauhid ingkang leres.
Jamaah shalad ‘idhul adha rohimani wa rohimakumullah
            Putro puniko saged dadhos penyebab ketentremanipun manah, ananging ugi saged dadhos sebab punjering kesengsaraan. Rikolo tiang sepah gadah putro-putri ingkang shalih lan shalihah, manah saged tentrem, keluargo dadhos keluargo sakinah mawadah wa rohmah. Kosokwangsulipun menawi putra-putri kito puniko medal saking pangugeman syariat islam, mongko poro putra-putri kolowau saged nyusahaken tiyang sepahipun. Lajeng kadhos pundi anggen kito badhe ngukir keturunan ingkang shallih lan shalihah miturut syariat islam.
            Sederek-sederek, supadhos keluwargo kito sakinah, caranipun inggih puniko : milih calon garwo ingkang shalih, sebab istri puniko ingkang badhe ndidik putra-putri kito, ingkang badhe nggulo wentah putra putri kito. Pramilo menawi kaum ibu puniko dadhos wanito shalihah insya Allah badhe saged njagi amanah pendidikan para putro-putri. Kosok wangsulipun menawi ibu mboten tergolong wanito shalihah lajeng pripun piyamba,ipun saged ndindik poro putro-putrinipun? Awit ibu ingkang ashor akhlakipun lan agamanipun, temtu saged nular dhumateng paro putro-putrinipun. Monggo kito estuaken dhawuhipun Rosulullah shalallahu ‘alaihi wasalam:
تُنْكَحُ الْمَرْأَةُ لِأَرْبَعٍ : لِمَالِهَا ، وَلِنَسَبِهَا ، وَلِجَمَالِهَا ، وَلِدِينِهَا ، فَاظْفَرْ بِذَاتِ الدِّينِ تَرِبَتْ يَدَاكَ
Ingkang artosipun:
Wanito iku dinikahi margo 4 (patang) perkoro: margo bandhane, margo nasab keturunane, margo ayune, lan margo agamane,. Mongko pilihen margo agamane, yen ora, siro bakal ciloko.” (HR. Bukhori – Muslim)
            Dadhos menawi poro kakung sami milih istri ingkang shalihah, ing tembe wingkingipun dipun ajeng-ajeng saged ndidik poro putro-putrinipun. Semanten ugi tiyang istri ingkang milih garwo kang shlahih ateges milih bibit kangge putro-putrinipun bibit ingkang sae, lan calon bapak ingkang sae. Semanten ugi poro tiyang sepah ingkang ngersaaken keturunan ingkang sae kedhah sami milih datheng calon mantunipun tiyang-tiyang ingkang sae agaminipun, kedhah islam lan kedhah ingkang taat agaminipun.
Sederek jam’ah shalat ‘idhul adha ingkang minulyo,
            Kito sami kedah emut dhumateng dhawuhipun Rosulullah shalallahu ‘alaihi wasalam:
عن أبي هريرة رضي الله عنه أن رسول الله صلى الله عليه وسلم قال : (( إذا مَات الإنسَانٌ انقطعَ سَائِرُ عَملِهِ إلا مِن ثلاثٍ : صدَقةٍ جاريَةٍ ، أوْ عِلمٍ يُنتفَعُ به ، أوْ ولدٍ صالِحٍ يَدْعوُ لَهُ)) رواه مسلم
“yen manungso wus podho mati, bakal pupus kabeh amale kejobo 3 (telung) perkoro : shodaqoh jariyah, ilmu ingkang manfaat lan anak-anak shalih kang biso ndongakne wong tuwonw: (HR> Muslim)
Ma’asyirol muslimin rohimani wa rohimakumullah
Sak sampunipun kito leres anggenipun milih calon tiyang sepah ingkang andharbeni kakiyatan iman, kito bakal saged netesaken generasi Robbani kanti izin Allah subhanahu wata’ala. Menawi umat islam purun sami ndidik putro-putrinipun kanti pendidikan islam wiwit alit ngantos dewasa, temtu puniko termasuk nindhaaken pitedhaipun Rosulullah shalallahu ‘alaihi wasalam. Rosulullah sampun nedhahaken tuntunan supadhos kito ndidik putro-putri kito nindaaken shalat rikolo anak kito umuripun 7 (pitung) tahun , pramilo dadhos kewajibanipun tiyang sepah mbimbing para putronipun kanti ilmu tata caranipun sholat, lan ilmu-ilmu kewajiban agami sanesipun. Monggo kito mbiasaaken paro putrid-putri kito remen dhumateng Al-Quran dhumateng majlis ta’lim, mirengaken pengaosan agami, midhangetaken pelajaran Al-Quran lan Hadits.
Jama’ah shalat ‘idhul adha rohimakumullah
Perkawis penting ingkang mboten pikantuk kalepyan rikalanipun kito ndidik istri, lan para putro wayah inggih puniko bebeyanipun lingkungan pergaulan, ingkang saged mengaruhi dhumateng pribadi, utamanipun akhlak poro putro-putri kito, kados ngendikane penyair arab:
عنِ المرْءِ لا تَسألْ وسَلْ عن قَرينه #  فكُلُّ قَرينٍ بالمُقَارِنِ يَقْتَدي 
“Bab kepribadiane pawongan iku, ojo siro takon kepriye pribadine? Anging takono sopo konco-koancane?   #   Mongko saben konco srawungane iku akhlake podo karo sing dikancani”
Ma’asyirol muslimin rohimani warohimakumullah
Saestukito kedhah ngendaleni pergaulan poro putro ampun ngantos bergaul kaliyan tiyang-tiyang ingkang awon agaminipun. Kalebet ugi pengaruh saking meneko warno tontonan ingkang ngrisak agami, kadhos dene televisi ingkang nyiaraken tayangan ngeblingeraken masyarakat kanti aqidah ingkang risak, lan kanti akhlak ingkang awon. Kito ugi kedhah njagi poro putro kito saking waosan ingkang risak kados majalah-majalah pornografi, ramalan bintang. Mistik lan sakpanunggalanipun, monggo kito doyo-doyo ngupoyo lan dedungo supados keluargo kito dadhos keluarda ingkang sae, saestu ngigemi pitedhah syariat islam saking Al-Quran lan Al-Hadits, tebih saking bolo bencono ingkang nglunturaken imanipun. Monggo kito remen nyinau AL-Quran lan Al-Hadits, kito makmuraken masjid wonten kampung kito kanthi berjamaah, kanti nggelar pengaosan ngundang poro ustadz ingkang estu-estu ngajaraken ilmu-ilmu agami, supadhos manah kito gesang, lan semangat kito gesang, lan pribadi kito saged ningkat iman lan ketaatanipun dhumateng Allah ‘Azza wajalla. Mugi Allah subhanahu wata’ala ndadosaken pribadi-pribadi kito lan keluargo kito sedoyo dadhos pribadi ingkang luhur. Kiyat iman lan taatipun dhumateng Allah subhanahu wata’ala lan angsal kamulyan wonten gesang ing dunyo dumugi akherot,,, amiin
عباد الله، ألا فصلوا وسلموا على خاتم النبيين وإمام المتقين، فقد أمركم بذلك الربّ الكريم فقال سبحانه قولاً كريما: إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلَـٰئِكَـتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِىّ يٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءامَنُواْ صَلُّواْ عَلَيْهِ وَسَلّمُواْ تَسْلِيمًا.  الأحزاب:56
اللهم صل وسلم على عبدك ورسولك ونبينا محمد صلى الله عليه وسلم
اللهم اقسم لنا من خشيتك ما تحول به بيننا و بين معاصيك، و من طاعتك ما تبلغنا به جنتك، و من اليقين ما تهون به علينا مصائب الدنيا، اللهم متعنا بأسماعنا، و أبصارنا، وقوتنا ما أحييتنا، و اجعله الوارث منا، و اجعل ثأرنا على من ظلمنا، و انصرنا على من عادانا، و لا تجعل مصيبتنا فى ديننا، و لا تجعل الدنيا أكبر همنا، و لا مبلغ علمنا، و لا تسلط علينا من لا يرحمنا
ربنا أتنا في الدنيا حسنة و في الأخرة حسنة وقنا عذاب النار
وصلى الله على النبينا محمد النبي الأمي وعلى أله وصحبه أجمعين، و الحمد لله الرب العالمين